Home » » Wayangan Dewe,,, Mbahas Gambar Poster Ing Deso Joho

Wayangan Dewe,,, Mbahas Gambar Poster Ing Deso Joho

Written By Hapraindonesia on 8/14/2013 | 20:00

Lakon : Mbahas gambar poster ing Deso Joho Kecamatan Kalidawir Kabupaten Tulungagung kanthi ukoro

“ SELAMAT MENIKMATI JALAN YANG BERLUBANG MESKIPUN TAK SENIKMAT LUBANG YANG BERJALAN”

Yung,… wong-wong saiki kok podo pinter gawe ukoro yo yung..Gawe gambar kanggo ngungkapake protes marang kahanan

Kuwi yo mergo keadaan lho nduk..

keadaan sing piye to yung..?

Yo keadaan saiki sing soyo ora karu-karuan

Lha,.. saiki malah biyung ku kok ketularan koyo wong pinter,… ora karu-karuan ki piye to yung,.??? Opo kaitan e karo poster kuwi ??? munine lak SELAMAT MENIKMATI,..

BERARTI LAK PENAK TO YUNG,…

Ealah ndukk,.. nduk,… kowe ki kok koyo ora iso nyawang wae,… wayah e bodreregan larang, BBM tas mundak,… dalan kok yo rusak nemen…

Lha poster sing dipasang kuwi opo artine yung,.. aku kok ora paham,…

Ngene lho nduk,… ojo gapang macak ora ruh,… sing oleh macak ora ruh kuwi mek wong gede,.. awak e dewe kudu gampang ruh, gampang kroso lan gampang rumongso

Alah yung malah bingung aku,…

Sing pok bingungi sing endi maneh to nduk,… opo yo kuwi akibat e awak mu tak sekolahne neng sekolah murah, rumangsa ku yo ora murah lho nduk,…

Yo sing kuwi maeng lho yung,… dalan rusak, opo awak e dewe kuwi ora duwe nayoko projo sing nangangi masalah kuwi to yung ???

Yo enek lho nduk,… onone gambar kuwi maeng lakyo sarono nduduhi wong gede sing lewat ugo kanggo menehi weling marang wong-wong kang podo ngliwati dalan kuwi supoyo ngati-ngati, mergo dalan e amoh lan wis akeh sing dadi korban, tibo soko kendaraan amaego keblegong marang dalang sing bolong-bolong kuwi maeng.. ngono lho ndukkk,…

Lha poro nayoko projo opo ora ngerti to yung kahanan sing ngono kuwi maeng ??? ugo opo urung ono sing matur marang punggawaning negoro babakan kuwi to yung ???

Mestine yo ngerti nduk,.. ning kan wis lumrah umpomo macak ora ngerti, menowo matur yo wis enek wakil rakyat neng DPR nyatane yo urung kecandak lan kebagian anggaran. Wis lumrah ngono kuwi nduk,…

Lek ngono mesakne wong cilik-cilik yo yunng,..

Halah,.. kok koyo kowe ki wong gede,…

Hehehehe,…Maksud ku ki yo mesakne awak e dewe mbarang ngono lho yung,…

Wis yo yung, penak macak ora ngerti wae,… aman,…

Penting isih iso mangan, rekoso pancen wis gawane wong cilik.
Share this article :
Comments
0 Comments

Post a Comment

 
Support : Hapra Indonesia
Copyright © 2011. Hapra Indonesia - All Rights Reserved